Label

TULISAN-Q (317) Album_Q (183) vidio-Q (175) kayu aro (162) gunung kerinci (26)

Senin, 20 Desember 2010

BAHASA JAWA SURINAME N INDONESIA

Pitutur Jawa Maneka Warna, Tan Ana Liya

Pitutur Jawa iku ana maneka warna, komplit lan ampuh utawa jero banget maknane. Ing antarene sing akeh iku, ing ngisor iki tak tuliske sithik. Muga-muga ana gunane kanggo sampeyan. Yen sampeyan ngerti utawa nduwe pitutur Jawa liyane, tak suwun sampeyan kersa paring pitutur iku ana ing Blog Jawa-Suriname_Suriname-Jawa iki. Matur nuwun.


"Aja dumeh".
"Ajining raga gumantung ana ing busana, ajining dhiri dumunung ana ing lathi".
"Alon-alon waton kelakon".
"Ana rembug, dirembug".

"Becik ketitik, ala ketara".

"Dadio godhong emoh nyuwek. Dadio banyu emoh nyawuk".
"Dhemit ora ndulit, setan ora doyan".

"Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani".

"Jer basuki mawa bea".
"Jopa-japu nambani turuk asu. Mari karepmu, ora mari karepmu".

"Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake".

"Ora ubet, ora ngliwet".

"Sing salah bakal seleh".
"Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti".

"Tamba teka, lara lunga".

"Yen wedi aja wani-wani, yen wani aja wedi-wedi".

Mbah Maridjan. Martir lan Kanca Sejati.

Mbah Maridjan tilar donya nalika dina Rebo tanggal 27 Oktober 2010 ing kampung kelahirane, yaiku Dusun Kinahrejo, Desa Umbulharjo, Kecamatan Cangkringan, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Mbah Maridjan seda kanthi sujud manembah marang Gusti Kang Murbeng Dumadi amarga netebi dhawuhe Kanjeng Ratu Sri Sultan Hamengku Bhuwana IX anggone dadi Juru Kunci Gunung Merapi naliko gunung Merapi mbledhos lan muntahake lahar panas sasi Oktober 2010.

Bab tilare mbah Maridjan iki dadi omongane wong akeh. Ana sing nyalahake mBah Maridjan amarga dheweke ngeyel ora gelem lunga ninggalake omahe, kang mangka gunung Merapi wis bakal mbledhos kaya sing dikandhakake dening para ahli sing ngawasi gunung Merapi. Nanging akeh uga wong kang padha ngalem mBah Maridjan anggone teteg ora gelem ninggal glanggang colong playu netebi kuwajibane nunggu gunung Merapi.

Yen dinalar nganggo pikiran manungsa jaman saiki, sing pancen wis luwih nggunakake rasio lan uga materi, katimbang nggunakke ati, apa sing dilakoni mBah Maridjan iku mbok menawa bisa diarani sawijining sikap sing keleru, utawa salah. Amarga sing jenenge netebi dhawuh iku tetep kudu nganggo akal, kudu rasional. Ora njur kewanen nglawan alam sing nek di-rasio ora mlebu akal.

Nanging yen diudhari nganggo rasa, nganggo ati, apa sing ditindakake mBah Maridjan iku bisa diarani sawijining sikap kepemimpinan utawa kepahlawanan sing ora ana tandhinge ing jaman saiki, khususe ing Tanah Jawa lan ing Indonesia. Umume pemimpin ing Indonesia saiki iki mung padha mikir kepentingane dhewe-dhewe. Ora peduli rakyate padha ngelih apa ora, tentrem apa ora. Yen ana dhuit selak gage-gage rebutan lan rayahan. Yen ana tanggung-jawab malah ninggal glanggang colong playu.


Mula yen banjur akeh wong nganggep mBah Maridjan iku Martir, utawa uga Pahlawan, kanggone wong Jawa, khususe kanggone masyarakat saindhenging Merapi, tak kira iku ora salah, amarga ing jaman saiki iki wis angel nggolek pemimpin sing nduweni sifat kaya mBah Maridjan iki. Dadi, sebutan Martir utawane Pahlawan iku ora mligi amarga mBah Maridjan bisa nylametake wargane saka lahar Merapi, wong nyatane sing dadi korban ya nganti atusan, ananging luwih-luwih amarga apa sing ditindakake dening mbah Maridjan ikut bisa dinggo tuladha marang pepadha, khususe para pemimpin Indonesia, yen dadi pemimpin iku kudune nduweni sifat wani ngorbanke raga lan nyawane dhewe kanggo rakyate.

Apa sing ditindakake mBah Maridjan iki jumbuh karo sabdane Yesus utawa Nabi Isa mangkene: ”Ora ana katresnan sejati, ngungkuli katresnan kanca sing wani ngorbanke nyawane kanggo kanca-kancane”. Bungah banget aku nduwe Kanca Sejati kaya mBah Maridjan iki. Sugeng tindak dhumateng Kraton nDalem Gusti, mBah Maridjan.. Sugeng pinanggih kaliyan Panjenengan nDalem ingkang sampun ngutus mBah Maridjan..!!

Courtesy n thanks to : http://jawa-suriname.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar