Label

TULISAN-Q (317) Album_Q (183) vidio-Q (175) kayu aro (162) gunung kerinci (26)

Senin, 20 Desember 2010

PETA JAWA SURINAME ON THE MAP

Peta Jawa Suriname.

Yen sampeyan gatekke gambar peta ndhuwur iki, kira-kira apa sing sampeyan pikirke? Yen aku dadine jengkel karo Londo sing mbiyen nggawa kanca, sedulur, malah mbok menowo nenek-moyange awake dhewe, Wong Jawa sing padha dipeksa dadi budhake Londo neng Suriname.

Perkara saiki Wong Jawa sing neng Suriname iku, jarene, wis padha makmur, iku urusan liya maneh. Ning sing jenenge meksa wong liya kudu dadi budhak iku rak kena diarani ora cocok karo rasa kamanungsan.

Lha piye coba. Saiki Wong Jawa sing padha digawa pekso neng Suriname iku lak ya banjur padha pedhot hubungane karo bojo, kanca, wong tuwa, anak-putu, lan sedulur-sedulure. Kira-kira kahanan rikala semono iku terus kepiye coba..??!!

Sadurunge nggawe Blog Jawa Suriname - Suriname Jawa iki, aku ora pati mudheng sakjane negara Suriname iku pase neng ngendi. Nanging amarga aku pengin nduduhake marang sampeyan kabeh, aku banjur mbukak Google Map. Eee.., jebule Suriname iku ana ing ndhuwure utawa sebelah lore Brazil. Adoh banget. Tak kiro neng dhaerah Afrika kono.

Coba sampeyan gatekke peta sing ngisor dhewe. Neng kono ana dhaerah sing jenenge Taman Redjo (yen kurang cetha, coba di-klik pas nggon gambare utawa photone). Tak kira yen basa Londo utawa basa Suriname ora ana sing kaya ngono iku.

Dadi, ya kira-kira pancen bener yen neng Suriname iku akeh wong sing saka tanah Jawa. Buktine neng kana nganti ana panggonan sing dijenengi Taman Redjo.

Kira-kira apa sing jenenge Taman Redjo iku ya rejo tenan, ya. Kapan awake dhewe bisa dolan mrana, terus nembang campur-sari bareng karo wong Suriname. Sapa ngerti jebule neng kana malah ketemu karo nenek moyange awake dhewe. Sapa ngerti? Iya, ta?

Jawa Suriname.

COUTESY N SUWON KANGGO : http://jawa-suriname.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar